Rabu, 03 Oktober 2012

BERDIRINYA DESA SUKOLILO PATI

ASAL MULANE DESA SUKOLILO
Jeneng desa Sukolilo kecamatan
Sukolilo Kabupaten Pati, ana
gegayutane karo legenda Ki Ageng
Giring lan Ki Ageng Pemanahan.
Ceritane nalika kuwi Ki Ageng
Pemanahan lagi goleki kakang
seperguruane yaiku Ki Ageng Giring
sing manggon ana ing Dukuh
Garengan Wonokusuma. Nanging
dina iku Ki Ageng Pemanahan kurang
beja, merga Ki Ageng Pemanahan ora
langsung ketemu karo Ki Ageng Giring
ning omahe merga nembe wae macul
ning tegalan. Nalika kuwi Ki Ageng
Pemanahan ditemoni karo Nyai Ageng
Giring.
Nyai Ageng Giring gumun merga wis
suwe ora pethuk karo Ki Ageng
Pemanahan, dhewekke sok-sok ora
percaya, kok kadingaren Ki Ageng
Pemanahan dolan nyang omahe.
Ki Ageng Pemanahan uwis suwe ra
ketemu, merga kuwi dhewekke ora
bakal bali yen durung pethuk karo
kakang seperguruane.
Ndilalah dina kuwi Nyai Ageng ora
duwe opo-opo kanggo sugatan,
dhewekke kelingan yen isih duweni
degan siji ning pawone, degan mau
banjur dijipuk lan diwenehna Ki Ageng
Pemanahan, merga saking ngelakke Ki
Ageng gelem nrima degan mau
banjur diombe.
Let sedela Ki Ageng teka saka tegalan,
raine katon abang mbranang merga
ngerti yen degane diombe adhi
seperguruane. Dhewekke nesu
marang Nyai Ageng. Nyai Ageng
banjur sujud njaluk ngapura merga
klalen apa sing wis dipesenke Ki Ageng
Giring yen degan kuwi mau ora oleh
diombe sapa-sapa.
Ki Ageng pemanahan golek akal piye
bisane amarah Ki Ageng Giring suda
merga perkara degan sing wis
kebanjur diombe. Ki Ageng Pemanhan
krasa salah banget lan njaluk ngapura
karo Ki Ageng Giring merga wis wani-
wani ngombe degan mau.
Sawise amarahe Ki Ageng suda, Ki
Ageng Paemanahan pamitan arep bali
lan nalika kuwi dhewekke diterke Ki
Ageng Giring nganti tekan Talang
Tumenggung merga Ki Ageng Giring
mung bisa ngaterke mnganti tekan
kono.
Sedurunge pisah karo kakang
seperguruane Ki Ageng Pemanahan
njaluk ngapura yen ana tingkahe sing
bisa gawe lara ati Ki Ageng Giring,
kabeh lelakon sing wis kebanjur
kedaden magepokan karo degan sing
wis diombe banyune, dhewekke ya
ora ngerti, sak “sukolilone ” Ki Ageng
Giring dhewekke njaluk ngapura
marang Ki Ageng Giring.
Lokasi Talang Tumenggung kuwi dadi
saksi pangucape Ki Ageng Giring lan Ki
Ageng Pemanahan saenggo tembung
sukolilo pungkasane dadi jeneng
kademangan Sukolilo, lan saya suwe
merga anane perkembangan, jeneng
Kademangan diganti dadi
Pemerintahan desa sing diwenehi
jeneng desa Sukolilo nganti seprene.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar